Wengine sepi
Nek bengi ngene iki, enak e meneng karo metani urip.
Urip ki terkadang yo penak, tapi terkadang yo dancuk an...
Wayah bengi ngene ki nek sepi memang penak kanggo petan-petan... sedino iki lapo wae??? Lan wes nindak ake opo wae?? Wes mikir opo wae???
Nek mikir iki kaet mau aku lak mikir sing jenenge alam ghaib ambek alam nyoto ki kepiye maknane??
Lah aku trus keblanjur maknane ngene, tapi iki amung miturut aku loh ya... sing ngak sependapat ora popo nek amung moco, nanging ojo ngino.. ngritik oleh.. nek nyacat ojo yah...
Ngene sedulur.. nek ibarat ki alam katon ki ibarat e nek awak iki mlaku podo karo dino sing wes kelakon... nek alam ghaib iku ibarate dino sing durung kelakon...
Amargo ngene nek penjabaranku... nek rogo iki lak katon. Sami mawon kalian dinten ingkang sampun dilampahi, amargi dinten ingkang sampon di langkahi niku saget ngertos.. injing wae tumindak nopo, siang wau nopo lan riyen-riyen sampun di pangertosi,... seje kalian dinten benjeng.. sing dereng saget di ngertosi bade nopo- bade nopo.. sing saget lak amung rencono.. besok arep ngene.. ngene. Lan ngene... sido di lakoni opo ora yo hasile sok..sok.. lagi iso di sawang.. hasile podo opo ora.. trus tak gatokne karo pendongo... sak iki arep dungo opo ae oleh... kari sesok endi sik terlaksana... sing di wenehi opo sing di jalok opo???
Komentar
Posting Komentar