Lagu dolanan
Gundul gundul pacul gembelengan
Nyunggi-nyunggi wakul..kul.. gembelengan
Wakul glimpang segane dadi sak latar.
Gundul-gundul iku jaman mbiyen lak senengane potongan rambute bocah cilik sing durung ngerti opo-opo ngertine amung dolanan.. (bedo sak cah sak iki)
Trus nek bocah cilik iku kan ngak masalah nek sek seneng gembelengan utowo cengengesan oleh wae..
Nanging nek wes gede.. wes wayahi nyunggi wakul(adah sego/panganan lah) iku wes ngak oleh cengengesan utowo kembelengan iku mau.. amargo wes duwe tanggung jawab jogo wakul e mau.. Nek wes gede cengengesan sidane yo wakule numplek/ gemplang iku mau.. sidane segone utowo panganane mau tumplek nang latar kececer ngak kenek di pangan..
Komentar
Posting Komentar