Postingan

Menampilkan postingan dari 2015

Bismillah

Bisa molah malih Bisa milah milih Bisa muleh Landep tapi ojo nglukai Banter nanging ojo disik i

Lagu dolanan

Gundul gundul pacul gembelengan Nyunggi-nyunggi wakul..kul.. gembelengan Wakul glimpang segane dadi sak latar. Gundul-gundul iku jaman mbiyen lak senengane potongan rambute bocah cilik sing durung ngerti opo-opo ngertine amung dolanan.. (bedo sak cah sak iki) Trus nek bocah cilik iku kan ngak masalah nek sek seneng gembelengan utowo cengengesan oleh wae.. Nanging nek wes gede.. wes wayahi nyunggi wakul(adah sego/panganan lah) iku wes ngak oleh cengengesan utowo kembelengan iku mau.. amargo wes duwe tanggung jawab jogo wakul e mau.. Nek wes gede cengengesan sidane yo wakule numplek/ gemplang iku mau.. sidane segone utowo panganane mau tumplek nang latar kececer ngak kenek di pangan..

Wengine sepi

Nek bengi ngene iki, enak e meneng karo metani urip. Urip ki terkadang yo penak, tapi terkadang yo dancuk an... Wayah bengi ngene ki nek sepi memang penak kanggo petan-petan... sedino iki lapo wae??? Lan wes nindak ake opo wae?? Wes mikir opo wae??? Nek mikir iki kaet mau aku lak mikir sing jenenge alam ghaib ambek alam nyoto ki kepiye maknane?? Lah aku trus keblanjur maknane ngene, tapi iki amung miturut aku loh ya... sing ngak sependapat ora popo nek amung moco, nanging ojo ngino.. ngritik oleh.. nek nyacat ojo yah... Ngene sedulur.. nek ibarat ki alam katon ki ibarat e nek awak iki mlaku podo karo dino sing wes kelakon... nek alam ghaib iku ibarate dino sing durung kelakon... Amargo ngene nek penjabaranku... nek rogo iki lak katon. Sami mawon kalian dinten ingkang sampun dilampahi, amargi dinten ingkang sampon di langkahi niku saget ngertos.. injing wae tumindak nopo, siang wau nopo lan riyen-riyen sampun di pangertosi,... seje kalian dinten benjeng.. sing dereng saget di nger...